Selasa, 22 Maret 2016

Ujian praktik




Wakil kaluwarga lelayu.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
            Para pinisepuh, sesepuh ingkang minulya. Para pangemban, pangembating praja lan satriyaning negari ingkang pantes sinudersana sumbramah para rawuh ingkang kinurmatan. Raos syukur mangga tansah kula panjenengan sedaya aturaken wonten ngersanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung. Ing wekdal menika kula panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun saengga saged rawuh ing dalem duhkita kanthi pinayungan kasarasan, saha kawilujengan tinebihna ing sambekala.
            Sugeng rawuh lan matur nuwun dene panjenengan kersa ngenthengaken salira saha nglonggaraken wekdal kangge  rawuh wonten ing adicara upacara pametaking  layonipun swargi Bapak Marto Ikromo.
            Kepareng kula minangka wakilipun kaluwarga, ingkang nandang bela sungkawa, ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kepareng rawuh wonten dalem ngriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun swargi Bapak Marto Ikromo. Mboten kesupen kaluwarga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya. Kaluwarga ngriki memuji mugi sedaya amal kesaenan panjenegan sedaya tansah pikantuk piwales saking Gusti Allah. Amin.
            Dhumateng para rawuh sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal kesaenanipun swargi Bapak Marto Ikromo saged ketampi linubera sedaya dosa lan kelepatanipun. Dhumateng kaluwarga ingkang dipuntilar, mugi keparingan manah tabah, ikhlas lan tawakal.
            Ing wasana mbok bilih swargi Bapak Marto Ikromo rikala kagungan kalepatan utawi patangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sedaya, kaluwarga nyuwunaken agenging pangapunten.
            Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih kathah keleptan atur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar